Jakarta Limolas Oktober Rongewu Nembelas
Assalamualaikum
warrahmatullahiwabarakatuh,,,
Salam kompak kanggo
sedulur Legok Gerkopeng, semoga sami sehat.
![]() |
| Sedulur Legok Juga Seneng Selfie Lhoo,,,, |
Alhamdulillah sewise
gendu-gendu rasa karo kanca batir ahire sepakat sedulur legok umume lan
Gerkopeng khususe sepakat nganakaken pertemuan kanggo ngumpulna bantuan
seihklase kanggo ngrewangi pembangunan masjid Baiturrahman.
![]() |
| Ngadem Karo Nepangaken sedulur |
Tepat Tgl 09 Oktober
2016 sedulur Legok Gerkopeng pada kumpul nang Taman Margasatwa Ragunan Jakarta
Selatan. Sekitar wong 25 sing hadir lan rata-rata bocah enoman kabeh, meskipun
ana sing wis keluarga tapi SEMANGATE LUAR BIASA ora kalah karo sing enom.
Jan rasane bungaaaah
pisan ketemu sedulur neng perantoan, biasane ketemune angger lebaran thok, kye
urung lebaran malah wis bisa ketemu, rumangsa dosane kayong lebuuuuur,,,,,,,
Pas ketemu awale pada
pangling, anake si anu deneng wis gede temen, anake tanggaku deneng wis duwur
pisan,,, bla bla bla,,,,,,, dopokane ora rampung-rampung.
Nganti Ragunan arep de
tutup gole dopokan esih mbobyok pisan jan sangkin senenge. alhamdulillah hikmah
ketemu sedulur ternyata manfaate apik pisan.
![]() |
| Sepiring rame-rame kuwe rasane LUAR BIASA |
Gole corat coret kiye
jane kawit tgl 15 Oktober 2016 ning nembe bisa ngeposting neng wulan April
2017, ya pangapurane ya sedulur.
Awal mulane pada kumpul
ya kue mau karena lagi kepengin aweh bantuan nggo mbangun mesjid, meskipun ora
akeh. Ngobrol ngalor ngidul ahire sepakat kepengin pada kumpul maning telung
wulan sepisan husus perantau grumbul Legok Gerkopeng.
Ahire sepakat ketemu
maning neng wulan Desember tgl 25 taun 2016.
Sampai ketemu lagi wulan
ngarep ya luuur,,,,?



Maju terus SELEGER... silaturahmi aja ngasi pedot
BalasHapusSing Neng Kampung di gebraaaak,,,,!!!!
Hapus