Sabtu, 15 Oktober 2016

KOPDAR GALANG DANA BANTUAN MASJID BAITUL MA'MUR

Jakarta Limolas Oktober Rongewu Nembelas




Assalamualaikum warrahmatullahiwabarakatuh,,,



         Salam kompak kanggo sedulur Legok Gerkopeng, semoga sami sehat.
Sedulur Legok Juga Seneng Selfie Lhoo,,,,




          Alhamdulillah sewise gendu-gendu rasa karo kanca batir ahire sepakat sedulur legok umume lan Gerkopeng khususe sepakat nganakaken pertemuan kanggo ngumpulna bantuan seihklase kanggo ngrewangi pembangunan masjid Baiturrahman.

Ngadem Karo Nepangaken sedulur
          Tepat Tgl 09 Oktober 2016 sedulur Legok Gerkopeng pada kumpul nang Taman Margasatwa Ragunan Jakarta Selatan. Sekitar wong 25 sing hadir lan rata-rata bocah enoman kabeh, meskipun ana sing wis keluarga tapi SEMANGATE LUAR BIASA ora kalah karo sing enom.

           Jan rasane bungaaaah pisan ketemu sedulur neng perantoan, biasane ketemune angger lebaran thok, kye urung lebaran malah wis bisa ketemu, rumangsa dosane kayong lebuuuuur,,,,,,,
Pas ketemu awale pada pangling, anake si anu deneng wis gede temen, anake tanggaku deneng wis duwur pisan,,, bla bla bla,,,,,,, dopokane ora rampung-rampung.

Nganti Ragunan arep de tutup gole dopokan esih mbobyok pisan jan sangkin senenge. alhamdulillah hikmah ketemu sedulur ternyata manfaate apik pisan.
Sepiring rame-rame kuwe rasane LUAR BIASA




Gole corat coret kiye jane kawit tgl 15 Oktober 2016 ning nembe bisa ngeposting neng wulan April 2017, ya pangapurane ya  sedulur.


           Awal mulane pada kumpul ya kue mau karena lagi kepengin aweh bantuan nggo mbangun mesjid, meskipun ora akeh. Ngobrol ngalor ngidul ahire sepakat kepengin pada kumpul maning telung wulan sepisan husus perantau grumbul Legok Gerkopeng.

Ahire sepakat ketemu maning neng wulan Desember tgl 25 taun 2016.

Sampai ketemu lagi wulan ngarep ya luuur,,,,?



BIMBINGAN PAK LURAH NANG KOPDAR KE-3

Minggu, Nemlikur Maret Rongewu Pitulas Keluarga SELEGER bersama Pak Lurah Bimbingan saking Bapak Imam Sangidun selaku Kepal...