Minggu, 25 Desember 2016

BAGI-BAGI KAOS NANG KOPDAR KEPINDO @TMII

Jakarta Selawe Desember Rongewu Nembelas




Kaose Anyaaaar






Nganggo Kaos Anyar Dadi Pede
Horeeeeeee,,,,,,

Akhire bagi-bagi kaos juga, sepete kopdar pertama pancen kanca batir akeh sing pada njaluk gawe seragam, nyambi mlaku alon-alon, para perintis seleger berjibaku urun rempug, meh sewulan setengah dibahas, di tampung segala ide lan masukan mulai jenis kaos, kemeja, logo lan liya-liyane. 

         Sedulur Seleger sepakat nganggo Logo gambar tangan berkaitan, sing maksude saling erat silaturahmi lan sedulurane. Trus nganggo jeneng SELEGER sing maksude SEDULUR LEGOK GERKOPENG.



          Bungah pisan rasane senajan urung nduwe pengurus tetap, tapi wis bisa sragaman. Rencana mengarepe insyaalloh kepengin gawe kepengurusan supaya ana sing dadi kordinator nek arep kopdaran maning. 


Luur,,,, Berhubung dina minggu kye neng taman mini ramene pooool, Kopdare dadine panas-panasan. Tapi semangate maen pisan senajan kepanasan  silaturahim ora luntur. Matursuwun ya sing wis bisa hadir.




Mangan Pecel Disit Ben Nambah Ganteng


Raja Ondol Memang Beda
           Lewih rame maning ternyata ana SELEGERwati sing sangu "ONDOL" waah wis bisa ditebak pasti ludeeees,,,,!!!

Njengenan ngerti dewek kan ondol kwe nyamikan favorit sedulur legok.



Yu Darsinah,,, kesuwun ya ondole, aja kapok pokoke,,, hahaaa,,,,





            O iya, pas arep pada jalan2 ana musibah cilik lurr,,, 
SELEGERwati ana sing ketinggalan kaos seragam, padahal anu nembe dibayar, aduuuuh melasi pisan nganti mumet gole nggoleti, kaose ana loro sijine titipan jere. Untung ana mas Rushod Si Puthu Gede sing rewangi muter nggoleti, ahire ketemu juga si,,,, Mba Sherly maning-maning sing ngati-ati ya,, angger Selfie plastike aja ditinggal,,, cangking sing kenceng pokoke.



Tuh kan,, jadi tambah PEDE,,hehehe
Berhubung macete pol neng Taman Mini ahire ora bisa mlaku-mlaku adoh. Ora krasa wektu meh sore, sikil juga rasane wis pegel. Wektune pada balik, ana sing numpak motor, ana sing numpak Uber, aku dewek numpak Busway.

Kanggo sedulur seleger aja kelalen ya telung wulan maning kita ngumpul maning. 

Caiyoooooo,,,,,,,, 


Semangaaaaaat Kakaaaaaaaaa,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,, 





Sabtu, 15 Oktober 2016

KOPDAR GALANG DANA BANTUAN MASJID BAITUL MA'MUR

Jakarta Limolas Oktober Rongewu Nembelas




Assalamualaikum warrahmatullahiwabarakatuh,,,



         Salam kompak kanggo sedulur Legok Gerkopeng, semoga sami sehat.
Sedulur Legok Juga Seneng Selfie Lhoo,,,,




          Alhamdulillah sewise gendu-gendu rasa karo kanca batir ahire sepakat sedulur legok umume lan Gerkopeng khususe sepakat nganakaken pertemuan kanggo ngumpulna bantuan seihklase kanggo ngrewangi pembangunan masjid Baiturrahman.

Ngadem Karo Nepangaken sedulur
          Tepat Tgl 09 Oktober 2016 sedulur Legok Gerkopeng pada kumpul nang Taman Margasatwa Ragunan Jakarta Selatan. Sekitar wong 25 sing hadir lan rata-rata bocah enoman kabeh, meskipun ana sing wis keluarga tapi SEMANGATE LUAR BIASA ora kalah karo sing enom.

           Jan rasane bungaaaah pisan ketemu sedulur neng perantoan, biasane ketemune angger lebaran thok, kye urung lebaran malah wis bisa ketemu, rumangsa dosane kayong lebuuuuur,,,,,,,
Pas ketemu awale pada pangling, anake si anu deneng wis gede temen, anake tanggaku deneng wis duwur pisan,,, bla bla bla,,,,,,, dopokane ora rampung-rampung.

Nganti Ragunan arep de tutup gole dopokan esih mbobyok pisan jan sangkin senenge. alhamdulillah hikmah ketemu sedulur ternyata manfaate apik pisan.
Sepiring rame-rame kuwe rasane LUAR BIASA




Gole corat coret kiye jane kawit tgl 15 Oktober 2016 ning nembe bisa ngeposting neng wulan April 2017, ya pangapurane ya  sedulur.


           Awal mulane pada kumpul ya kue mau karena lagi kepengin aweh bantuan nggo mbangun mesjid, meskipun ora akeh. Ngobrol ngalor ngidul ahire sepakat kepengin pada kumpul maning telung wulan sepisan husus perantau grumbul Legok Gerkopeng.

Ahire sepakat ketemu maning neng wulan Desember tgl 25 taun 2016.

Sampai ketemu lagi wulan ngarep ya luuur,,,,?



BIMBINGAN PAK LURAH NANG KOPDAR KE-3

Minggu, Nemlikur Maret Rongewu Pitulas Keluarga SELEGER bersama Pak Lurah Bimbingan saking Bapak Imam Sangidun selaku Kepal...